Rabu, 24 Mei 2017

Cerita Jawa : Timun Mas



TIMUN MAS
Jaman kuno mbiyen, urip sedojo lanang wadon sing dadi petani. Urip ing ndesa cepake hutan lan uripe bagyo, nanging durung diwei momongan yaiku durung diwei anak. Saben dina ndonga marang sing Maha Agung njaluk diwei anak. Sawiji ning dina ana raksasa lieati omahe lan rungu dongane, banjur raksasa aweh wiji timun.“Tandure wiji kui, mengko arep olih anak wadon,” omonge raksasa karo pasangan mau. “Nanging ana syarate. Umpama umure wis 17 taun anak mau kudu wehaken meneh marang aku,” walese raksasa amarga kepingin duweni anak. Pasangan tani mau banjur nandur wiji-wiji timun kui. Saben dino dirumat kanggo temenanan tanduran sing mulai urip kui. Wulan-wulanan nembe woh timun sing warnane kaya emas.  Timun kui  suwe-suwe tambah gede karo abot. Wohe timun wes mateng , ati-ati banget petani mau ngarah wohe timun. Saking kagete, ing jerone timun ana bayi wadon sing ayu rupane. Petani mau banget senenge banjur di arani Timun Mas .
Taun ganti taun, Timun Mads dadi cah wadon dewasa sing ayu rupane. Wong tuane bangga karo Timun Mas, nanging ndadekake rasa wedi sing gede. Amarga nek Timun Mas umure wis 17 taun, raksasa banjur teka lan nagih janjine kanggo nyimot Timun Mas. Petani mau usaha ben bisa teneng. “Enteni sedelo, Timun Mas lagek dolan, bojoku pan ngundang,” kandahe. Petani kui gagean nemoni anake, “Anakku, gawa iki,”iki kanggo nulung koe nglawan raksasa, sakiki cepet mlayu,” kandahe. Banjur  timun mas gagean mlayu. Petani mau sedih lungane Timun Mas, nanging ora rela anakke kanggo pakanan raksasa. Raksasa ngenteni wes suwe, dadi ora sabar. Raksasa ngerti wis dilombo marang petani mau. Banjur raksasa ngobrak-abrik pondoke pak tani, banjur nyusul Timun Mas menyang hutan. Raksasa gagean mlayu nyusul Timun Mas, wis cepak Timun Mas nyimot segegem uyah saka kantong bujur. Banjor uyah mau ditawurke menyang raksasa. Ujung-ujung dadi laut amba. Raksasa terpaksa nglangi kangelan. Timun mas mlayu maning, nanging raksasa bisa nyusul. Timun mas nyimot barang ajaib soko kantonge. Timun mas nyimot segegem lombok, banjur ditawure menyang raksasa. Wit-witan nana eri landep ngurung raksasa. Raksasa kalaranen, banjur Timun Mas mlayu golek aman. Nanging raksasa banget kuate, meh bisa nangkep Timun Mas . Timun Mas nyimot barang bajaip ketelu saka kantonge. Ditawuraken wiji timun, urip lan woh dadi kebon tumin sing amba. Amarga kekeselen lan ngelih, raksasa mangan timun-timun sing seger kui nganti kewareken, banjur raksasa turu. Timun Mas mlayu meneh sekuat tenagane nganti entek. Luwih celak meneh raksasa tangin saka turune. Raksasa meh nangkap Timun Mas, Timun Mas keweden, banjur ditokake senjata sing keri dewe yaiku segegem trasi urang. Maning-maning ana keajaiban, dadi danau danau belet sing amba lan raksasa gigal meng karo belet. Timun Mas lega, bisa slamet saka raksasa banjur bali maring omahe wong tuane. Rama lan biyung seneng bisa weruh Timun Mas selamet. “maturnuwun duh gusti, nyelametake anakku,” kandahe seneng . kawit kejadian kui Timun Mas bisa urep tenan karo wong tuane, tanpo kaweden meneh.
 Amanat :  awak dewe dadi wong kudu sabar ojo sitik-sitik ngeluh, wong sabar kui mesti etok apike utawa etok opo sing dikarepke, lan nanging  nek meh nulungi wong kui kudu iklas ojo njalok imbalan karo wong seng wes mbok tulungi,

Arti, Conto lan Gunane Sengkalan



SENGKALAN
Yaiku unen-unen kang awujud ukara lan nngemu teges angkaning taun Jawa.
Taun Jawa alandhesan ubenge rembulan,kang diarani candra sengkala, Taun Masehi alandkesan ubenge srengenge, kang uga diarani surya sengkala.
Manut wujude sengkalan bisa kaperang dadi 3 yaiku:
1.      Sengkalan Memet ( candra peta )
= Yaiku sengkalan kang awujud pepethan lambang utawa gambar.
2.      Sengkalan Candra Lukita  ( lamba / prasaja )
= Yaiku sangkalan kang awujud reroncening ukara.
3.      Sengkalan Candra Sastra
= Yaiku sengkalan kang awujud tulisan Jawa kang wis dianggep duweni watak angka taun (wis arang digunake )
Gunane Sengkalan :
                   = kanggo pengetan taun kadadeyan kayata gapura, candhi, monumen, omag, gedhong, karangan, utawa wadhuk, prasasti.
Wateke tembung kanggo ancer-ancer:
1.      Watek  1
Anak, buda, sasa, sasadara, bumi, candra, eka, iku, janma, nabi, nyata, ron, rupa, surat, tunggal, wani, wulan, semedi, kartika, wiji, urip, badan, peksi, ati, niyat, luwih, ratu, jagad, grana, sirah
2.      Watak  2
Dwi, loro, kembar, penganten, mripat, kuping, alis, swiwi, lar, sungut, ndulu, mireng, nembah, mabur, mlaku, ngrengga, buja, caksu, carana, dhresti, karna, locana, nayana, netra, nebah, suku, tangan
3.      Watek  3
Agni, bahni, dahana geni, guna jatha, telu, tri, tiga, ujel, uta, wedha, latu, cacing, latu,putri.
4.      Watek  4
Banyu, catur, dadi, waudadi, her, jaladri, nadi, pat, sagara, samodra, sindu, wahana, warih, kerta, karti, suci, penggawe, karya,
5.      Watek 5
Angin, astra, bana, buta, gangsal, gati, indra, maruta, pawana, margana, pandhawa, panca, samirana, warana, yaksa, tata, tawon,
6.      Watek  6
Amla, dura, kadya, legi, lir, kyasa, lona, manis, masin, obah, oyag, rasa, retu, sad, sadrasa, sarkara
7.      Watek  7
Ancala, ardi, aswa, biksu, gunung, giri, gora, kuda, muni, pandhita, resi, turangga, wiku, sapta, wukir, muni, dwija, swara, suka
8.      Watek  8
Hesti, basu, brahmana, dipangga, dirada, gajah, hastha, kunjara, liman, madya, manggala, manyawak, sawer, naga, salira, tanu
9.      Watek  9
Dewa, babadan, wiwara, drawa, gapura, dwara, guwa, leng, ludra, rong, nawa, sanga, song, wiwara, trus, trustha, trusthi, wilasita
10.  Watek 10
Akasa, boma, adoh, das, gagana, langit, ilang, musna, murca, sirna, sunya, widik, wiyat

Ancer-ancer  nyurasa wateking tembung
1.              Guru jarwa lan guru dasanama (tembung kang padha tegese)
2.              Guru wanda (tembung kang wandane padha)
3.              Guru karya utawa guru kriya (nyekel > ngasta, ndeleng > uninga watek 2)
4.              Guru sastra utawa guru aksara (giri > gora, gero, gorawa watek 7)
5.              Guru warga (taksaka,baya,ula,cecak,tekek)
6.              Guru sarana utawa guru karana (rasa >> legi, kecut, manis, masin, amla)
7.              Guru darwa utawa guru darbe  (panas > padhang, banyu > tlaga, sendhang, her)
8.              Alandhesan kasunyatan (ratu,rembulan,panganten lsp)


Tuladha :

1.            Rasa  rupa  dwi  sitangshu                                                      >>        1216
             6       1       2          1

2.            Tri   lunga   manca   bumine                                                    >>        1503               
            3        0          5            1

3.            Naga   muluk    tinitihan    janmi                                             >>        1708
              8         0              7              1

4.            Miyarsakna   trus    ingkang    sabda    narendra                     >>        1792
                  2             9                          7              1
       
5.            Song    song    gora     candra                                                  >>        1799
             9         9         7             1