TIMUN
MAS
Jaman kuno mbiyen, urip sedojo lanang
wadon sing dadi petani. Urip ing ndesa cepake hutan lan uripe bagyo, nanging
durung diwei momongan yaiku durung diwei anak. Saben dina ndonga marang sing
Maha Agung njaluk diwei anak. Sawiji ning dina ana raksasa lieati omahe lan
rungu dongane, banjur raksasa aweh wiji timun.“Tandure wiji kui, mengko arep
olih anak wadon,” omonge raksasa karo pasangan mau. “Nanging ana syarate.
Umpama umure wis 17 taun anak mau kudu wehaken meneh marang aku,” walese raksasa
amarga kepingin duweni anak. Pasangan tani mau banjur nandur wiji-wiji timun
kui. Saben dino dirumat kanggo temenanan tanduran sing mulai urip kui.
Wulan-wulanan nembe woh timun sing warnane kaya emas. Timun kui
suwe-suwe tambah gede karo abot. Wohe timun wes mateng , ati-ati banget
petani mau ngarah wohe timun. Saking kagete, ing jerone timun ana bayi wadon
sing ayu rupane. Petani mau banget senenge banjur di arani Timun Mas .
Taun ganti taun, Timun Mads dadi cah
wadon dewasa sing ayu rupane. Wong tuane bangga karo Timun Mas, nanging
ndadekake rasa wedi sing gede. Amarga nek Timun Mas umure wis 17 taun, raksasa
banjur teka lan nagih janjine kanggo nyimot Timun Mas. Petani mau usaha ben
bisa teneng. “Enteni sedelo, Timun Mas lagek dolan, bojoku pan ngundang,”
kandahe. Petani kui gagean nemoni anake, “Anakku, gawa iki,”iki kanggo nulung
koe nglawan raksasa, sakiki cepet mlayu,” kandahe. Banjur timun mas gagean mlayu. Petani mau sedih
lungane Timun Mas, nanging ora rela anakke kanggo pakanan raksasa. Raksasa
ngenteni wes suwe, dadi ora sabar. Raksasa ngerti wis dilombo marang petani
mau. Banjur raksasa ngobrak-abrik pondoke pak tani, banjur nyusul Timun Mas
menyang hutan. Raksasa gagean mlayu nyusul Timun Mas, wis cepak Timun Mas
nyimot segegem uyah saka kantong bujur. Banjor uyah mau ditawurke menyang
raksasa. Ujung-ujung dadi laut amba. Raksasa terpaksa nglangi kangelan. Timun
mas mlayu maning, nanging raksasa bisa nyusul. Timun mas nyimot barang ajaib
soko kantonge. Timun mas nyimot segegem lombok, banjur ditawure menyang
raksasa. Wit-witan nana eri landep ngurung raksasa. Raksasa kalaranen, banjur
Timun Mas mlayu golek aman. Nanging raksasa banget kuate, meh bisa nangkep
Timun Mas . Timun Mas nyimot barang bajaip ketelu saka kantonge. Ditawuraken
wiji timun, urip lan woh dadi kebon tumin sing amba. Amarga kekeselen lan
ngelih, raksasa mangan timun-timun sing seger kui nganti kewareken, banjur
raksasa turu. Timun Mas mlayu meneh sekuat tenagane nganti entek. Luwih celak
meneh raksasa tangin saka turune. Raksasa meh nangkap Timun Mas, Timun Mas
keweden, banjur ditokake senjata sing keri dewe yaiku segegem trasi urang.
Maning-maning ana keajaiban, dadi danau danau belet sing amba lan raksasa gigal
meng karo belet. Timun Mas lega, bisa slamet saka raksasa banjur bali maring
omahe wong tuane. Rama lan biyung seneng bisa weruh Timun Mas selamet.
“maturnuwun duh gusti, nyelametake anakku,” kandahe seneng . kawit kejadian kui
Timun Mas bisa urep tenan karo wong tuane, tanpo kaweden meneh.
Amanat : awak dewe dadi wong kudu sabar ojo sitik-sitik
ngeluh, wong sabar kui mesti etok apike utawa etok opo sing dikarepke, lan
nanging nek meh nulungi wong kui kudu
iklas ojo njalok imbalan karo wong seng wes mbok tulungi,