Rabu, 24 Mei 2017

Conto Serat Wedhatama lan Serat Wulangreh



Serat Wedhatama – Pangkur pada 5
Mangkono Ngelmu Kang Nyata
Sanyatane Mung Weh Reseping Ati
Bungah Ingaran Cubluk
Sukeng Tyas Yen Denina
Nora Kaya Si Punggung Anggung Gumrunggung
Ugungan Sadina Dina
Aja MangkonoWong Urip

Serat Wedhatama – Sinom pada 16                           
Kang Wus Waspada Ing Patrap
Mangayut Ayat Winasis
Wasana Wosing Jiwangga
Melok Tanpa Aling-Aling
Kang Ngalingi Kaliling
Wenganing Rasa Tumlawung
Keksi Saliring Jaman
Angelangut Tanpa Tepi
Yeku Aran Tapa Tapaking Hyang Sukma

Serat Wulangreh – Dhandhanggula pada 7
Angel Temen Ing Jaman Puniki
Ingkang Pantes Kena Ginuronan
Akeh Wong Jaya Ngelmune
Lan Arang Ingkang Manut
Yen Wong Ngelmu Ingkang Netepi
Ing Panggawening Sarak
Den Arani Luput
Nanging Ta Asesenengan
Nora Kena Den Wor Kakarepaneki
Pancene Prijangga.

Serat Wulangreh – Asmarandhana pada 6
Poma-Poma Wekas Mami
Anak Putu Aja Lena
Aja Katungkul Uripe
Lan Aja Duwe Kareman
Banget Paes Neng Dunya
Siang Dalu Dipun Emut
Wong Urip Manggih Antaka

Serat Wulangreh – Durma pada 6
Mung Tindake Dhewe Datan Winaonan
Ngrasa Bener Pribadi, Sanadyan Benera
Yen Tindake Wong Liya
Pasti Den Arani Sisip
Iku Wong Ala
Ngganggo Bener Pribadi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar