Rabu, 24 Mei 2017

Asal Usule Raden Samba



Raden Samba iku satriya saka Parang Garudha. Dheweke putra narendra gung Dwarawati Prabu Sri Bathara Kresna, kang patutan klawan garwa prameswari Dewi Jembawati. Dewi Jembawati dhewe putrane Kapi Jembawan, sawijining brahmana kang apaes wanara saka pertapan Banon Cinawi.
Kacarita Raden Samba klebu satriya kang bagus rupane, branyak pasemone, lan grapyak. Pangandikane receh nreweteh, lan nyengsemake sok sapa wae kang mirengake. Samba uga kondhang pinter ndhagel, lan olah kridhaning beksan.
Nanging sanadyan wis kawisudha dadi raja putra Dwarawati, lan kagadhang nggenteni keprabone ramane, Raden Samba emane ora nduwe pethingan babagan olah kaprajuritan. Kuciwane maneh, Samba uga ora prigel babagan tata kaprajan, sarta kawruh kanarendran. Mung wae Samba kondhang pinter memanuhara, lan gawe welas asihe sapa wae kang sesandhingan.
Saka prigele anggone memanuhara, bibine yaiku Dewi Wara Sumbadra kang sewaune gething kepati klawan panengah Pandhawa Raden Arjuna, dadi luluh lan gelem ginarwa dene satriya saka Madukara kuwi. Samba uga nduweni dasanama, utawa sesebutan liya kaya ta Raden Wisnubrata, ya sang Kresna Siwi.
Ing lakon Samba Juwing, kacarita Raden Samba nemu apes. Sebab Hyang Drema kleru manitis marang ragane. Kamangka Hyang Dremi garwane, manitis marang Dewi Hagnyanawati kang tata lahir wis ginarwa dening Prabu Bomanarakasura, ya kakange Samba.
Kahanan kuwi ora wurunga marahi Samba nandang wuyung, lan nerak angger-anggering kautaman kanthi ngrusak pager ayu. Lan pungkasane Samba nemu pralaya sebab kapilara dening Bomanarakasura kanthi dijuwing-juwing ragane.
Wayang Samba gagrak Surakarta dhewe bentuke satriya lanyapan utawa longokan. Netrane njait, grana sembada, lan suwarane cemengkling. Agemane sanggul kadhal-menek, rineka garudha mungkur, asesunting sekar kluwih. Kalung roncen, agemane bokongan pangeranan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar