ADAT JAWA
A.Pangantènan
adat Jawa
Upacara pengantenan adat Jawa iku salah siwijiné upacara sakral adat Jawa
sing nduwé rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan
iki nglambangaké pepanggihan antarané pengantèn putri lan penganten kakung neng kahanan
sing kusus kadosdéné raja lan ratu.
Padatan, rantaman inti upacara diselenggarakake neng dalemé pengantèn putri, sing dadi pamangku gati yaiku wongtua utawa kaluwarga pengantèn putri nanging tetep dibantu déning kaluwarga saking pengantèn kakung.
Padatan, rantaman inti upacara diselenggarakake neng dalemé pengantèn putri, sing dadi pamangku gati yaiku wongtua utawa kaluwarga pengantèn putri nanging tetep dibantu déning kaluwarga saking pengantèn kakung.
Upacara-upacara pengantèn adat Jawa antarané:
1. Siraman
Acara siraman iku sejatiné upacara perlambang kanggo
ngresikake jiwa calon pengantèn. Upacara iki
diselenggarakaké sedina sadurungé ijab kabul lan dilakokaké
ing omahé calon pengantèn putri lan kakung, padatan ing bageyan omah sing rada
amba kaya ing mburi omah utawa ing taman ngarep omah.
Sing nyiram sepisan padatan wong tua calon mantèn
banjur sedulur liyané uga
kalebu pemaes.
Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa Indonesia. Acara iki duwe kekarepan yen mbengi sakdurunge acara mantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti
tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi
aweh nasihat.
Rerangken acara neng wengi midodaren iki séjé-séjé ing saben dhaérah,
kadhang ana sing dibarengaké karo acara peningsetan lan srah-srahan.
2. Srah-srahan
Srah-srahan iku uga diwastani "asok tukon" yaiku calon pengantèn
kakung mènèhaké uba rampe lan ragat sing bakal kanggo ngleksanakaké pahargyan
penganténan. Tuladhané uba rampé, kayata: beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liya-liyane. Saliyané iku sing paling penting ana
ing pepasrahan yaiku dhuwit sing tumprapé kanggo ngragati upacara pahargyan ing
omahé pengantèn putri.
3. Ijab kabul
Ijab kabul yaiku acara nalika pengantèn kakung ngucapaké janji bebojoan
karo pengantèn putri lan diseksèni wong akèh supaya bisa sah nikahé.
4. Upacara panggih
Sarampunge acara ijab kabul (akad nikah)dianakake acara Panggih. Ing
acara iki kembang mayang digawa metu
saka omah lan didelehake neng prapatan cedhak omah. Tujuané yaiku kanggo ngusir
roh jahat. Sawise iku pengantèn putri ketemu (panggih) karo pengantèn kakung
kanggo nerusaké upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang,
Kacar-kucur, Dhahar klimah, Mertui, lan Sungkeman.
5. Upacara balangan suruh
Upacara balang suruh minangka pralambang sih katresnan lan kasetyan ing
antarané pengantèn kakung lan putri.
6. Upacara wiji dadi
Penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur pengantèn putri
misuhi/ngresiki sikil/ampeyané pengantèn kakung nganggo banyu kembang. Upacara
iki minangka prelambang sawijining kepala kaluwarga sing tanggung jawab marang
kaluwargane.
7. Pupuk
Ibu pengantèn putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minangka tandha
ikhlas nampa manten kakung mau dadi bageyan kulawargane.
8. Sinduran
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minangka tandha
pinangantèn sak kloron wis tinampa dadi kulawarga.
9. Timbang
Pinangantèn sak kloron lungguh ing pangkonané bapaké pengantèn putri,
minangka perlambang katresnané wong tuwa marang anak padha karo mantu.
10.
Dhékorasi
Dhékorasi dipasang ing dalemé sing duwé gawé, wujudé werna-werna.
11.
Dhahar Klimah
Pengantèn kekalih dhahar dulang-dulangan minangka pralambang pinangantèn
kekalih arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
12.
Mertui
Wong tuwane pengantèn putri methuk wong tuwané pengantèn kakung ing ngarep
omah lan bebarengan tindak menyang acara resepsi.
13.
Sungkeman
Pinangantèn sak kloron sungkem nyuwun pangèstu marang wong tuwa kekalih.
14.
Kendurèn / resèpsi
Kendurèn utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantènan, uga
kadang diarani resèpsi utawa walimahan. Sejatiné
kagiyatan iki nduwé makna upacara slametan, slamet merga inti acarane
yaiku ijab kabul wis rampung
diselenggarakaké. Ing acara iki, pasangan pengantèn nrima
mangayubagya saka sedulur, kanca uga kabeh sing
teka ing acara iki.
15.
Masang Tarub
Masang tarub gumantung marang kahanan ing dalemé sing duwé kajad.
16.
Pemaes
Upacara paesing calon pengantèn putri ing wanci sabibaripun upacara
siraman, kajibahan ditindhakke juru paes utawi dhukun pengantèn.
17.
Uga pirsani
Ningali calon pengantèn putri ing griya tiyang sepuhipun.
B. Upacara adat Jawa
Ing kabudayan Jawa akeh upacara-upacara adat sing umum
diselenggarake, antarane:
1. Sing ana hubungane karo wong
a. Wètèngan (nèmbé mbobot)
Ø Ngupat
utawa ngupati iku salah sijining upacara adat sing diselenggara'ake wektu calon
ibu mbobot 4 sasi. Tembung "ngupat" asale saka tembung papat (4)
utawa kupat. Ancasé upacara adat iki kanggo kaslametané calon bayi lan ibuné
utawa kanggo sing sifaté tolak bala dadi padha karo upacara adat mitoni. Sing
radha bedha karo upacara adat mètèng liyané yaiku ana sajian kupat ing
kendhuren ngupati, kupat iki uga disertakaké ing besek sing digawa bali
undangan sing hadir. Ngupat sejatiné kanggo pralambang yén jabang bayi wis
mlebu ning tahap kaping papat ning proses pangriptane manungsa. Upacara adat
ngupat kudu diselenggarakaké ning dina sing apik miturut petungan dina Jawa.
Ø Ngliman
iku salahsijining upacara adat wètèngan sing diselenggarakake wektu calon ibu
mbobot 5 wulan. Tembung "ngliman" asale saka tembung lima (5). Ancase
upacara adat iki padha karo ngupatan yaiku upacara kanggo kaslametane calon
bayi lan ibune utawa kanggo sing sifate tolak bala. Upacara adat ngliman iki
kurang dikenal ning dhaerah-dhaerah tertamtu, bedha karo mitoni sing wis umum
dikenal masyarakat Jawa malah uga dikenal ning masyarakat Nusantara.
Ø
Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké wektu
calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon bayi
lan ibuné utawa kanggo sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga
diarani tingkeban. Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis
nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, wetengan umur 7
sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi kaping
7. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara
ngupati. Urut-urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ning njero
kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa
gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan
gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren. Acara siraman mung
dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu
dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa
dina Jemuah awan nganti mbengi. Rangkeyan Acara Rantaman adicara kanggo upacara
mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati, urut-urutan yaiku siraman,
nglebokake endhog pitik kampung ing njero kain calon ibu dening calon bapak,
salin rasukan, brojolan nglebokake cengkir klapa gadhing, medhot lawe utawa
lilitan benang janur, mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasan
kendhuri kendhuren. Acara siraman namung dianakake kanggo mitoni anak mbarep.
Wektu Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diadani ing dina sing temenan apik
yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi,
saderengipun wulan 'purnamasidhi'.
b.
Klairan
Ø
Mendhem ari-ari iku salah sijining
upacara kelairan sing umum diselenggarakake malah uga ana ning dhaerah-dhaerah
(suku-suku) liya. Ari-ari iku
perangan penghubung antara ibu lan bayi wektu bayi isih ning njero rahim.
Istilah liya kanggo ari-ari yaiku: aruman utawa embing-embing
(mbingmbing).
Ing Jawa ana kapercayaan sedulur papat, kakang kawah
adhi ari-ari, ibu bumi, bapa angkasa. Wong Jawa percaya yen ari-ari iku sejatine salah
siji sedulur papat utawa sedulur
kembar si bayi mulane ari-ari kudu dirawat lan dijaga umpamane
enggon kanggo mendhem ari-ari iku diwenehi lampu (umume senthir) kanggo penerangan, iki dadi simbol
"pepadhang" kanggo bayi. Senthir iki dinyalakake nganti 35 dina
(selapan). Tata carane: Ari-ari
dikumbah nganti resik dilebokake ning kendhi
utawa bathok kelapa. Sadurunge ari-ari dilebokake, alas kendhi diwenehi godhong
senthe banjur kendhine ditutup nganggo lemper
sing isih anyar lan dibungkus kain mori. Kendhi banjur digendhong, dipayungi,
digawa ning papan penguburan. Papan penguburan kendhi kudu ning sisih tengen
pintu utama omah. Sing mendhem kendhi kudhu bapak kandung bayi.
Ø
Brokohan
utawa barokahan iku salahsijining upacara adat Jawa kanggo nyambut kelairan
bayi. Upacara adat iki nduwe makna ungkapan syukur lan sukacita amarga proses
klairan iku slamet. Brokohan iku asal tembunge saka basa Arab yaiku
"barokah" sing maknane ngarepake berkah. Tangga teparo ya iku mliginé
para ibu ing saubengé diaturi rawuh malah kerep tanpa diaturi rawuh padha
nyambangi kulawarga sing lairan saperlu ngucapaké rasa mèlu bungah, biyasané
kanthi nggawa bingkisan arupa wedhak, sabun, kopi, gula lan sapanunggalané.
Sing tumindak minangka pangarsa adicara Brokohan iki ya iku Dhukun Bayi[1].
Sesajèn upacara sing dibutuhaké ya iku:
·
Tumrap golongan bangsawan: dhawet, endhog
mentah, jangan menir, sega ambeng, sega karo lawuh, jeroan kebo, pecel karo
lawuh ayam, kembang setaman, klapa lan beras.
·
golongan rakyat biyasa: sega ambengan sing
dumadi saka sega jangan, lawuh pèyèk, sambel gorèng, témpé, mihun, jangan menir
lan pecel ayam.
Upacara nyenyuwun supaya bayi dadi bocah sing apik sing
diwiwiti kanthi mendhem ari-ari lan nyadiakaké sesajèn brokohan sing didum
marang para tangga
Upacara brokohan tujuwané kanggo keslametan prosès
kelairan uga pangayoman kanggo bayi, kanthi pangarep-arep supaya bayi sing lair
bisa dadi bocah sing apik.
Upacara diwiwiti saka mendhem ari-ari sing diterusaké
andum sesajèn brokohan kanggo sedulur lan para tangga.
Ø
Sepasaran iku salah sijining upacara adat
Jawa
wektu umur bayi 5 dina. Upacara adat iki umume diselenggaraake
sederhana ning yen bebarengan karo aweh jeneng bayi, upacara iki
diselenggaraake radha meriah. Tembung
sepasaran dhewe asale sake tembung sepasar.
Sepasaran umum diselenggaraake sore nganggo acara kenduren lan ngundang sedulur uga tangga umah. Suguhan sing
disajiake umume wedang lan jajan pasar ning uga ana besek sing
umum kanggo ditentengan mulih.
Ø
Miturut etimologi, tembung Aqéqah punika
asalipun saking basa Arab,
ingkang anggadhahi pangertosan nugel utawi motong Miturut istilah,
aqéqah inggih punika nyembelèh wedhus wonten ing dinten kapitu
saking dinten klairanipun bayi, minangka raos sukur dhumateng Gusti
Allah SWT. Ananging ugi wonten ingkang paring pangertosan menawi
aqéqah punika nugel rikma ingkang wonten ing mustakanipun
bayi ingkang nembé lair. Kanggé bayi ingkang jaler dipunsembelèhaken wedhus
kalih, manawi bayi ingkang putri dipunsembelèhaken wedhhus setunggal.
Ø
Puputan utawa pupak puser, iku
sejatiné nduwé makna tali puser bayi puput. Dadi upacara iki dianakaké
wektu utawa bubar puputé tali puser saka udhel bayi. Biasané ana acara slametan
ing upacara puputan iki, acarané yaiku kendhuren, bancakan lan awèh jeneng
bayi. Upacara iki apik yèn diselenggara'ake bubar wektu maghrib. Puputan bayi
digolongke dadi 2, yaiku: 1. golongan bangsawan/kerajaan: Sega gudanga, jenang
abang putih, 5 werna bubur, lan jajan pasar. 2. golongan rakyat biasa: Sega
jangan, jenang abang putih, jenang boro-boro, lan jajan pasar.
Ø
Selapanan
yaiku pangetan sakwise 35 dina bayi lahir. Selapanan iki kalebu tradisi Jawa.
Liyane pangetan uga masyarakat Jawa duwe tradisi sing isih kalebu nyambut
lahire bayi. Yaiku Mitoni, Mendhem ari-ari, brokohan, puputan, sepasaran lan
selapanan. Wektu dina ke 35 iki, dina si bayi bisa di baleni maneh. Contone,
bayi lahire dina Jum’at Kliwon ( dina weton-ne ), mula selapanane hiya dina
Jum’atKliwon maneh. Selapanan duweni arti sing kuat kanggo uripe si bayi. Di
balenane dina weton bayi mau, bisa dirayakake kayata ulang tahun. Nanging
masyarakat biasane ngrayakake selapanan utamane kanggo wujud syukur amarga
lahire bayi lan sehat warase bayi.
Sing kapisan, nek arep nganakake selapanan yaiku potong rambut utawa parasan. Sing motong rambut kapisan yaiku bapak lan ibune si bayi, banjur kaluargane. Anggen motong rambut iki ana aturane, rambut bayi di potong nganti enthek ( Gundul ). Gunane potong rambut iki kanggo ngethukake rambut si bayi sing resik tenanan, keyakinanne rambut bayi sing asli hiya gawanan saka lahir, sing isih kena banyu ketuban supaya rambut si bayi bisa thukul apik, mula rambut iku paling ora digundul ping telu. Nanging akeh uwong sing wedi motong rambut si bayi nganti gundul, mula biasane rambute di potong sak perlune ( ora nganti gundul ).
Sakwise potong rambut, yaiku pengethokan kuku bayi. Dilakoni kanthi maca donga kanggo keslametanne lan kebecikane si bayi uga kaluargane. Biasane anggon ngethok rambute si bayi, di lakoni sakwise wektu shalat Mahrib, di lakukake karo kaluarga, sedulur, lan tetangga sing creak, uga di dongani.
Wong Jawa biasane nglakukake selapanan kanthi sak sederhanane.
Ing wayah sore sak durunge motong rambut si bayi, masyarakat ngrayakake selapanan kanthi ngawe bancakan sing di bagekake kanggo sedulur lan bocah-bocah cilik sing ana ing sekitar omah sing lagi arep nganakake selapanan. Bancakan duweni arti supaya si bayi bisa ngenehi kebahagiaan kanggo wong sing neng sekitare. Ana panganan kang wajib ana wektu bancakan, yaiku sega putih lan gudhangan sing di bagikake di pincuk nganggo godhong gedhang. Sayuran sing kanggo nggawe gudhangan, becike jumlahe ganjil, amarga duweni keyakinan, angka kuwi hiya angka kang nguntungake. Gudhangan uga di tambahi karo endhog godhog utawa endhog Pindang. Endhog iku ngelambangake asale urip iki. Liyane kuwi uga ana pirang-pirang sayuran sing dianggep duweni arti kang bedha-bedha. Kayata kacang panjang, supaya bayi umure dawa, bayem supaya uripe tentrem lan liya-liyane.
Sing kapisan, nek arep nganakake selapanan yaiku potong rambut utawa parasan. Sing motong rambut kapisan yaiku bapak lan ibune si bayi, banjur kaluargane. Anggen motong rambut iki ana aturane, rambut bayi di potong nganti enthek ( Gundul ). Gunane potong rambut iki kanggo ngethukake rambut si bayi sing resik tenanan, keyakinanne rambut bayi sing asli hiya gawanan saka lahir, sing isih kena banyu ketuban supaya rambut si bayi bisa thukul apik, mula rambut iku paling ora digundul ping telu. Nanging akeh uwong sing wedi motong rambut si bayi nganti gundul, mula biasane rambute di potong sak perlune ( ora nganti gundul ).
Sakwise potong rambut, yaiku pengethokan kuku bayi. Dilakoni kanthi maca donga kanggo keslametanne lan kebecikane si bayi uga kaluargane. Biasane anggon ngethok rambute si bayi, di lakoni sakwise wektu shalat Mahrib, di lakukake karo kaluarga, sedulur, lan tetangga sing creak, uga di dongani.
Wong Jawa biasane nglakukake selapanan kanthi sak sederhanane.
Ing wayah sore sak durunge motong rambut si bayi, masyarakat ngrayakake selapanan kanthi ngawe bancakan sing di bagekake kanggo sedulur lan bocah-bocah cilik sing ana ing sekitar omah sing lagi arep nganakake selapanan. Bancakan duweni arti supaya si bayi bisa ngenehi kebahagiaan kanggo wong sing neng sekitare. Ana panganan kang wajib ana wektu bancakan, yaiku sega putih lan gudhangan sing di bagikake di pincuk nganggo godhong gedhang. Sayuran sing kanggo nggawe gudhangan, becike jumlahe ganjil, amarga duweni keyakinan, angka kuwi hiya angka kang nguntungake. Gudhangan uga di tambahi karo endhog godhog utawa endhog Pindang. Endhog iku ngelambangake asale urip iki. Liyane kuwi uga ana pirang-pirang sayuran sing dianggep duweni arti kang bedha-bedha. Kayata kacang panjang, supaya bayi umure dawa, bayem supaya uripe tentrem lan liya-liyane.
c.
Bocah
Ø Tedhak
sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo
bocah umur 7 wulan utawa 6 lapan.
Upacara iki ing dhaérah liya ing Nuswantara uga ana, contoné sing diarani upacara injak
tanah ing dhaérah Jakarta
déning suku Betawi utawa uga ana sing ngarani "mudhun lemah" lan
"udhun-udhunan". Tedhak sitèn iku asalé saka tembung tedhak, idhak utawa mudhun lan sitèn (saka
tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah sing
siap-siap njalani urip liwat tuntunan wong tuwa lan
diselenggarakaké yèn umur bocah wis 7 selapan utawa 245 dina
(7 x 35 = 245). Upacara Tedhak sitèn dianakaké amarga ana kapitayan
masyarakat Jawa yèn lemah kuwi nduwéni makna ghoib lan
dijaga Bathara Kala. Kanggo ngindari kadadéyan sing ora
becik, mula dianakaké upacara
ngenalaké putra-putriné marang Bathara Kala
minangka sing njaga lemah. Anggone nglakoni upacara iki, luwih becik miturut weton.
Ubarampé kanggo upacara tedhak sitèn akèh, kayata:
·
Kurungan,
kanggo nggambaraké yén donyané anak isih sithik utawa ciut.
·
Werna-werna barang sing diséléhaké sajroning
kurungan kang nggambaraké suwèné urip, manungsa duwé kawajiban nggolèk
"nafkah", kayata:
1.
Pari sabengket
2.
Kapuk sabengket
3.
Piranti nulis
4.
Bokor
kang diisi beras kuning
5.
Werna-werna jinis dhuwit
6.
"Perhiasan"
·
Klasa sing isih anyar,
kanggo lémèk ning jeroning kurungan.
·
Bakaran pitik,
kang nggambaraké pedoman uripé anak.
·
Tangga tebu "rejuna", yaiku tebu sing
wernané ungu kang nggambaraké undhak-undhakané urip sing arep dilakoni anak.
·
Jadah pitung werna, yaiku
abang, putih,
ireng, kuning, biru, ungu
lan jambon. Tegesé kanggo ngemutaké anak yén
urip kudu waspada saka godaan werna-werna.
·
Bancakan, kayata sega gudhangan
sing dibagékake marang para tamu sing teka.
Urutané upacara tedhak sitèn
·
Tedhak jadah
pitung warna: yaiku anak mlangkah utawa ngidak jadah pitung warna
kang diréwangi ngidak déning ibu, jadah ditata saka warna sing padhang nganti
warna sing peteng, iku kabèh perlambang déné urip iku ora gampang nanging kabéh
alangan sing dirasakake mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju
kamulyan lan kasantosan.
·
Munggah andha tebu arjuna: tebu
iku pralambang antebing kalbu, supaya anggoné nitih urip ning donya iki bakal
manteb lan tebu arjuna pralambang supaya anak sing munggah
tebu iku bisa duwéni solah bawa kaya déné arjuna.
·
Kurungan: kurungan iku pralambang urip ing donya
iki, ing jero kurungan diwénéhi akèh dolanan lan ubarampé pagawéan kayata kertas, gunting, pethèt lan liya liyané, dolanan utawa
ubarampé pagawéan sing dipilih déning anak iku kaya tandha bésuk bakal duwéni
pagawéan mau.
·
Siraman: kanggo nyucèni raga lan jiwa, muga muga
bisa gawa jeneng arum kanggo kaluwarga kayata banyu
kembang sing kanggo acara siraman anak mau.
Ø Tingalan
Ø
Nyapih asalipun saking tembung
"sapih" ingkang anggadhahi pangertosan pisah utawi misahaken. Nyapih
inggih punika salah satunggaling upacara adat Jawi
ingkang ancasipun kangge nylameti lare ingkang nembé mandhek nyusu
ibunipun.Wonten ing wekdal kepengker, tiyang Jawi ngginakaken ubarampé kanggé
nyapih larènipun. Ananging, sakpunika sampun jarang utawi malah sampun boten
wonten ingkang ngginakaken ubarampé. Wonten ing ngandhap punika ubarampe
ingkang dipunginakaken tiyang Jawi jaman kepengker wonten salebeting upacara
nyapih, kadosta:
·
Kupat ingkang dipun sigar
lajeng dipun isi abon wonten saktengahipun.
·
Katul
ingkang dipun damel bunder-bunder kadosta bal alit-alit, lajeng dipun dang.
·
Kembang "borèh"
·
7 Tumpeng alit
·
Ron jati ingkang dipuntungkupaken
·
Senthir ingkang
dipunsélèhaken wonten sakngandhaping ambén
·
Lisah klapa ingkang dipunsélèhaken wontên
pinggan ingkang wonten toyanipun
·
Ndog pitik mentah
·
Ron gedhang ingkang dipun suwèk-suwèk lajeng
dipun tali kaliyan ndonga : "ora mbundheli godhong, nanging mbundheli
tutuké si jabang bayi". Ancasipun supados bayi boten réwèl.
·
Wanci ndalunipun, laré dipun beta wonten njabi
griya, lajeng sirahipun dipuntémpèlaken wit gedhang
raja. Mênawi sampun gangsal dintên, dipundamêlakên bubur ingkang
dipun sadé dhateng laré-laré ingkang "kreweng" minangka artanipun.
"Kreweng" utawi tugelan gendhèng, lajeng dipunkempalakeên, dipun paringi
kembang saha kemenyan
lajeng dipun larung wonten kali.
d. Lajang
Ø
Khitanan utawa Sunat ing basa arabkhitan
uga bisa kasebut uga sirkumsisi (Inggris: circumcision) yaiku tumindak
motong utawa ngilangake salah sijiné bageyan utawa kabeh kulit
panutup saka palanangan. Frenulum
saka palanagan bisa uga dipotong sacara bebarengan ing sakjroning prosedur kang
asring karan jeneng . Tembung sirkumsisi kanthi asal usul saka basa Latincircum (kang ngandut arti
"muter") lan caedere (artiné "motong/ngètok").
Ø
Tarapan
Ø
Pangur
Ø
Tetesan
e. Jaka &
Prawan
Ø Pangantènan iku sawijining
acara ing ngendi sawijining pasangan iku janji bakal manunggal. Urutane acara
pengantenan :
1.
madik
2.
utusan
3.
salaran
4.
nontoni
5.
lamaran
6.
gethak dinten
7.
singsedan
8.
srah-srahan
9.
kumbakarnan utawa rubukan
10. pasang tarub
11. siraman
12. dodol dawet
13. ngalub-alubi
utawa paes
14. midodareni
15. ijab qabul
16. pahargya
17. ngunduh mantu
f.
Tilar/Seda
Ø
Surtanah utawa bedhah bumi iku
upacara sing diselenggaraake sak bubare acara nyarèkaké layon (jenazah).
Tujuané kanggo ngirim donga supaya arwah utawa roh wong kang
séda iku éntuk pangapura déning Ingkang Maha Kuwasa.Upacara surtanah iki
karantam kanthi sederhana. Sing teka biasane sedulur,
tangga teparo, uga ulama. Sak liyane dedonga uga bisa dibacutake
nganggo acara tahlilan sing
lan ngaji
bebarengan.Ora ana uleman utawa undangan khusus kanggo acara iki nanging umume
tangga teparo lan sanak kadang teka sinambi nggawa bahan-bahan pangan, kayata beras,
endhog, bahan kanggo njangan, gula, kopi
utawa dhuwit lan liyane. Kaya mengkono mau mujudake pambiyantu lan ngentengake
bot repote kulawarga sing nembe nandang sungkawa utawa kesripahan.
Ø
Nelung
dina iku saka tembung telu lan dina. Nelung dina ateges pengetan dina
kaping telu sawise wong wis mati.
Ø
Mitung
dina iku saka tembung pitu lan dina. Mitung dina ateges pengetan dina
kaping pitu sawise wong wis mati.
Ø
Matang
puluh, ateges pengetan dino kaping patang puluh sawise wong mati.
Ø
Nyatus inggih punika salah satunggaling
upacara adat Jawa babagan kasedan. Nyatus utawi ugi saged
dipunsebat slametan satus dinten punika dipunadani wonten ing dinten kaping
satus bibar sedanipun satunggaling tiyang.
Ancasipun ngawontenaken slametan punika inggih kangge nyampurnakaken sedaya ingkang asipat badan wadhag utawi jasad.
Ancasipun ngawontenaken slametan punika inggih kangge nyampurnakaken sedaya ingkang asipat badan wadhag utawi jasad.
Ø
Pendhak pisan menika petangan wekdal
ingkang dangunipun satunggal tahun ingkang
wonten ing kalender
utawi tanggalanJawi.
Pendhak pisan menika salah satunggaling adicara
kangge mengeti tiyang ingkang sampun sedo satunggal tahun. Adicara
Pendak pisan utawi wonten ugi ingkang mastani mendhak pisan' menika
taksih kathah ingkang nglampahi, mliginipun wonten ing wilayah Yogyakarta lan Jawa Tengah. Padatanipun wonten ing adicara pendhak
pisanmenika ngawontenaken gendurenan
utawi bancakan
minangka dedonga kangge ingkang sampun sedo menika. Ingkang gadhah gawe mendhak
pisan padatanipun ngundang tangga teparo supados sesarengan ndedonga lan pandom
bancakan.
Ø
Pendhak pindho menika pétangan wekdal
ingkang dangunipun kalihtahun ingkang
wonten ing kalènder
utawi tanggalanJawi.
Pendhak pindho menika salah satunggaling adicara
kanggé mengeti tiyang ingkang sampun sédo kalih tahun kepengker. Adicara
Pendhak pindho utawi wonten ugi ingkang mastani mendhak pindho' menika
taksih kathah ingkang nglampahi, mliginipun wonten ing wilayah Yogyakarta lan Jawa Tengah. Padatanipun wonten ing adicara pendhak
pindho menika ngawontenaken gendurènan
utawi bancakan
minangka ndedonga kanggé ingkang sampun sedo menika. Ingkang kagungan damel
mendhak pisan padatanipun ngundang tangga teparo supados sesarengan ndedonga
lan pandom bancakan.
Ø
Nyewu ateges pengetan dina kaping sewu
sawise wong wis mati.
2. Sing ana hubungane karo alam
a. Sedekah Bumi yaiku naluri utawa adete wong jawa, diwontenaken
setaun sekali nanging mboten mesti sasine. Sedekah Bumi diwontenaken sareng
masyarakat kangge sukuran menawi panen pari, Sedekah Bumi diwontenaken mulai
taun 1917. Wektu samono sing pertama kali ngawontenaken yaiku kuli-kuli tua
utawa sesepuh masyarakat. Sedekah Bumi angsal dirubah asal wonten kesepakatan
sareng-sareng masyarakat menawi niku sanes perjanjian tertulis. Kesenian
ingkang sering dipunwontenaken yaiku lengger tayub kalih wayang kulit, sing
dirawuih pejabat-pejabat desa lan tamu undangan, panggenipun nang kadusan utawa
nang daleme pak kadus, wekdale sedina sewengi.
b. Bersih
desa iku salahsijining upacara adat Jawa
sing diselenggara'ake bubar panen pari
dadi maksude kanggo ngucapake syukur tandhuran pari brasil dipanen lan kasile apik.
Upacara adat iki kadhang uga diarani upacara mreti desa lan biasa digabung karo upacara adat sedekah bumi utawa mreti bumi.Masing-masing dhaerah nduwe tata cara lan prosesi upacara sing seje-seje miturut kabiasaan masing-masing ning tujuane padha wae.
Upacara adat iki kadhang uga diarani upacara mreti desa lan biasa digabung karo upacara adat sedekah bumi utawa mreti bumi.Masing-masing dhaerah nduwe tata cara lan prosesi upacara sing seje-seje miturut kabiasaan masing-masing ning tujuane padha wae.
Prosesi upacara umume diwiwiti bubar panenan pertama
utawa methik, lokasi upacarane pertama neng pesawahan sing wis dilengkapi karo ubo rampe
antarane: janur
kuning, kembang setaman, kemenyan,
kaca, suri, banyu kendhi, jajan pasar, bungkusan sega lan gedhang. Bubar acara ndonga, pari
sing wis dipetik digotong neng lumbung
pari. Neng lumbung pari uga wis disiapake perangkat upacara
lanjutane sing umume digawe saka godhong
antarane godhong kluwih, dhadhap serep, godhong mojo, godhong tebu,
godhong jati uga godhong luh. Masing-masing godhong iku nduwe fungsi lan makna.
Tujuan
·
Kanggo njaga keslametan para warga desa saka
gangguan hal-hal sing gaib, roh
utawa arwah
sing gentayangan uga saka gangguan-gangguan penyakit, keamanan lan bencana.
·
Kanggo ngresi'ake desa lan wargane saka alangan
utawa kesusahan supaya kaadaan desa dadi tentrem lan aman.
c.
Tolak bala yoiku nangkal bebana
kanthi migunakake donga-donga utawa mantra.
3.
Sing ana hubungane karo
agami utawi kapercayaan
a.
Nyadran iku salah siji prosèsi adat
budhaya Jawa awujud kagiyatan setaun sepisan ing
sasi Ruwah wiwit saka resik-resik saréan
leluhur, mangsak panganan tertamtu kaya déné apem,
ater-ater lan slametan utawa kenduri. Jeneng nyadran iki asalé saka tembungsraddha, nyraddha, nyraddhan,
banjur dadi nyadran. PJ Zoetmulder ana ing
buku Kalangwan uga nyritakaké bab upacara
sraddha kanggo mèngeti sédané Tribhuwana
Tungga Déwi ana ing taun 1350. Upacara sraddha
minangka pèngetan raja-raja síng wís puput yuswa uga sinebut ing kidung Banawa
Sekar, nganggo uba rampé wujud baita (prau) síng digawé saka kembang (puspa, sekar). Tradhisi nyadran
pranyata wís lumaku wiwít jaman Majapahit nganti
saiki. Pakurmatan kanggo leluhur isih lestari lan dipepetri déning masarakat,
mliginé ing tlatah padésan. Nyekar ing sasi Ruwah nduwèni surasa utawa wulangan
marang anak putu supaya padha tresna lan élíng marang leluhur.
b. Khaul
Tidak ada komentar:
Posting Komentar