SENGKALAN
Yaiku unen-unen kang
awujud ukara lan nngemu teges angkaning taun Jawa.
Taun Jawa alandhesan ubenge
rembulan,kang diarani candra sengkala, Taun Masehi alandkesan ubenge
srengenge, kang uga diarani surya sengkala.
Manut
wujude sengkalan bisa kaperang dadi 3 yaiku:
1. Sengkalan
Memet ( candra peta )
= Yaiku sengkalan
kang awujud pepethan lambang utawa gambar.
2. Sengkalan
Candra Lukita ( lamba / prasaja )
= Yaiku sangkalan
kang awujud reroncening ukara.
3. Sengkalan
Candra Sastra
= Yaiku sengkalan
kang awujud tulisan Jawa kang wis dianggep duweni watak angka taun (wis arang
digunake )
Gunane Sengkalan
:
= kanggo
pengetan taun kadadeyan kayata gapura, candhi, monumen, omag, gedhong, karangan, utawa wadhuk, prasasti.
Wateke tembung
kanggo ancer-ancer:
1.
Watek
1
Anak, buda, sasa, sasadara, bumi, candra, eka, iku, janma, nabi, nyata, ron, rupa, surat, tunggal, wani, wulan, semedi, kartika, wiji, urip, badan, peksi, ati, niyat, luwih, ratu, jagad, grana, sirah
2.
Watak 2
Dwi, loro, kembar, penganten, mripat, kuping, alis, swiwi, lar, sungut, ndulu, mireng, nembah, mabur, mlaku, ngrengga, buja, caksu, carana, dhresti, karna, locana, nayana, netra, nebah, suku, tangan
3.
Watek 3
Agni, bahni, dahana
geni, guna jatha, telu, tri, tiga, ujel, uta, wedha, latu, cacing, latu,putri.
4.
Watek 4
Banyu, catur, dadi, waudadi, her, jaladri, nadi, pat, sagara, samodra, sindu, wahana, warih, kerta, karti, suci, penggawe, karya,
5.
Watek 5
Angin, astra, bana, buta, gangsal, gati, indra, maruta, pawana, margana, pandhawa, panca, samirana, warana, yaksa, tata, tawon,
6.
Watek
6
Amla, dura, kadya, legi, lir, kyasa, lona, manis, masin, obah, oyag, rasa, retu, sad, sadrasa, sarkara
7.
Watek
7
Ancala, ardi, aswa, biksu, gunung, giri, gora, kuda, muni, pandhita, resi, turangga, wiku, sapta, wukir, muni, dwija, swara, suka
8.
Watek
8
Hesti, basu, brahmana, dipangga, dirada, gajah, hastha, kunjara, liman, madya, manggala, manyawak, sawer, naga, salira, tanu
9.
Watek
9
Dewa, babadan, wiwara, drawa, gapura, dwara, guwa, leng, ludra, rong, nawa, sanga, song, wiwara, trus, trustha, trusthi, wilasita
10.
Watek 10
Akasa, boma, adoh, das, gagana, langit, ilang, musna, murca, sirna, sunya, widik, wiyat
Ancer-ancer
nyurasa
wateking tembung
1.
Guru jarwa lan guru dasanama (tembung
kang padha tegese)
2.
Guru wanda (tembung kang wandane padha)
3.
Guru karya utawa guru kriya (nyekel >
ngasta, ndeleng > uninga watek
2)
4.
Guru sastra utawa guru aksara (giri >
gora, gero, gorawa
watek 7)
5.
Guru warga (taksaka,baya,ula,cecak,tekek)
6.
Guru sarana utawa guru karana (rasa >> legi, kecut, manis, masin, amla)
7.
Guru darwa utawa guru darbe (panas > padhang, banyu
> tlaga, sendhang, her)
8.
Alandhesan kasunyatan (ratu,rembulan,panganten lsp)
Tuladha
:
1.
Rasa rupa
dwi sitangshu >> 1216
6 1
2
1
2.
Tri lunga manca bumine >> 1503
3 0 5
1
3.
Naga muluk tinitihan janmi >> 1708
8
0 7 1
4.
Miyarsakna trus ingkang sabda narendra >> 1792
2 9 7 1
5.
Song song gora candra >> 1799
9 9 7 1
Tidak ada komentar:
Posting Komentar